Rabu, 20 Juni 2012

sumber: panjebarsemangat.co.id




Artikel aiti kang kaanggit dening Yoyok Dwi Prastyo iki kapacak ana ing majalah Panjebar Semangat no. 19 tanggal 12 Mei 2012. Kapacaking artikel aiti ana ing blog iki minangka tanggel jawab tumpraping bapa biyung saha para dwija ingkang sampun paring pitedhah. Mugi andadosaken kasaenan.


NGILANGAKE TOMBOL TURN OFF/SHUT DOWN
Tumpraping wong jail, apa bae bisa dadi gawe, tuladhane komputer. Ana sawijining program ing komputer kang bisa diupakara supaya ngasilake sawijining kondisi kang nyalawadi. Program iku arane registry. Registry ing donyaning perkomputeran bisa dianggep kadya jantung utawa ati. Dadi, yen ta nganti registry ing komputer iku ora beres, sakabehing system ing komputer uga melu ora beres. Mula, tumpraping user utawa wong kang migunakake komputer, bab iki kudu luwih digatekake. Nah, ana ing kene bakal dak aturake salah sawijining cara ngupakara utawa gawe jail ing komputer. Kang bakal dak aturake ing kene yaiku gawe ilang menu shut down/turn off ing komputer. Ora kok ana niat ala ing ati nalika ngaturake bab iki, mung niate ati supaya kabeh sutresna PS mangerteni yen ta registry iku pancen program kang banget wigatine. Dadi ya kudu banget ngati-atine.  
Ngilangake turn off/shut down 
Kang kudu disiapake sepisanan yaiku mbukak program regedit ing komputer. Carane bisa lewat menu run. Klik menu start ing komputer, nuli serat regedit ing kotak kang wus sumadya ing kono.
Klik OK supaya komputer enggal-enggal ngeksekusi prentah iki. Yen wis, coba mlebu ana ing KEY_CURRENT_USER\Software\Microsoft\Windows\CurrentVersion\Policies\Explorer. Ing cendhela sisih tengen, coba diklik kanan, sorot New, DWORD Value, nuli serat NoClose (kudu persis). Yen wis rampung, coba DWORD Value kang aran NoClose iku mau diklik dobel utawa dienter. Ana ing base hexadecimal coba diisekake angka 1 ing bagian value datane. Prelu sabar pirang-pirang detik utawa menit supaya menu turn off/shut down ing komputer gelem ilang. Yen ta kepeksane ora gelem ilang, komputere bisa direstart dhisik.
Saiki kita kebeh wis bisa ngilangake tombol menu shut down/turn off. Kang kudu dadi pangenget-enget, manipulasi ing kene ora diniatake jail nanging mung sarana gegladhen utawa panambah ngelmu. Nuwun.

Yoyok Dwi Prastyo, 
Dwija bahasa Prancis & TIK ing SMA N 2 Pati lan dwija BK ana ing MTs Al Kholifah Pati

0 komentar:

Anda Pengunjung Ke:

Komentar Anda

Pengikut

Popular Posts

Chatting, Yuks!!!