Kamis, 11 Juni 2009

Napoleon Bonaparte

Kaisar Napoleon Bonaparte (15 Agustus 17695 Mei 1821) dipunwiyosaken ing pulo Korsika saking sawijining kulawarga bangsawan lokal kanthi asma Napoleone di Buonaparte (ing basa Korsika, Nabolione utawi Nabulione). Salajengipun panjenenganipun ngadhaptasi asma Napoléon Bonaparte ingkang langkung mèmper Prancis.

Karir militèr


Lukisan misuwur Napoleon Nglintasi Alpen, karyanipun Jacques-Louis David.
Panjenenganipun dados murid ing Akademi Militer Brienne taun 1779 ing yuswa 10 taun, kapinteranipun marakaken Napoleon lulus akademi ing yuswa 15 taun. Karir militèripun nanjak kanthi cepet sasampunipun panjenenganipun kasil numpes karusuhan ingkang dipundhalangi kaum panyengkutung royalis kanthi cara ingkang banget ngagetaken: nembakaken meriam ing kitha Paris saking nginggil menara. Prastawa punika dumadi taun 1795 nalika Napoleon yuswa 26 taun. Manéka perang ingkang dipunmenangaken ing antawisipun nglawan Austria lan Prusia.

Wekdal kajayan

Ing wekdal kajayanipun, Napoleon Bonaparte nguwaosi mèh sedaya dhataran Eropah kanthi cara diplomasi ugi paperangan. Ing antawisipun inggih punika Walandi kanthi dipunangkatipun rayinipun Louis Napoleon,Spanyol kanthi dipunangkatipun Joseph Napoleon, Swedia kanthi dipunangkatipun Jenderal Bernadotte minangka raja ingkang salajengipun khianat, sebagéyan ageng wilayah Italia ingkang dipunrebat saking Austria lan Polandia kanthi dipunangkatipun Joseph Poniatowski minangka wali nagari Polandia.

Sumber bacaan di sini.

Anda Pengunjung Ke:

Komentar Anda

Pengikut

Popular Posts

Chatting, Yuks!!!